Jatuh Cinta Merekna Angel Turu
(jatuh cinta bikin susah tidur)
oleh: Dino Joy
(jatuh cinta bikin susah tidur)
oleh: Dino Joy
Saben mbengi ora teyeng turu
Kemutan kowe sing pancen ayu..
Kawit pertama dewek ketemu
Ndelengna aku karo ngguyu..
Ngguyumu ngresep maring njero dadaku
Sing tek krasa klepek-klepek nang atiku..
Nek turu teka terus nang ngimpiku
Terus dadi kembang-kembang turu ku..
Nek ketemu pengine tangane ngawe-ngawe
Seneng banget yakin aku karo kowe..
Siki aku ora arep nunda maning suwe-suwe
Rasa cinta kiye ukur nggo kowe..