"Kadingaren esuk-esuk wis ndhodhog lawang omahku, Kang Gareng."
"Iya, Truk. Kepeksa aku kudu sambat."
"Wah, mbok aja kulina ngrusak swasana ta, Kang. Iki wanci sing cocog dienggo nyruput teh panas legi kenthel, gulane batu, pacitane gedhang kluthuk awu digoreng. Aja malah sambat!"
"Aja ngajak gojegan saiki, Truk. Aku nedheng bingung tenan. Arep sambat marang wong liya aku isin. Waniku mung mrene."
"Hehe..., aja njalari was-sumelang atiku ta, Kang. Ana apa jane?"
"Silihana dhuwit aku seket ewu..."
"Heh?! Saiki?"
"Iya."
"Arep dienggo ndhuwiti apa?"
"Takenggo nyangoni ponakanmu. Cah telu arep mangkat sekolah durung duwe sangu."
"Kok bisa Njenengan kentekan dhuwit?"
"Gusis tenan. Entek dienggo nyumbang sesasi kepungkur. Sasi Besar akeh wong duwe gawe. Ana sing mantu. Ana sing nyunatke. Ana sing ngadegke omah. Ana sing mitoni bayi. Ana sing ningkebi. Jan ora umum akehe."
"Lan semono akehe kuwi koksumbangi kabeh?"
"Hla iya ta, wong ya tanggaku kabeh."
"Nganti ora bisa nyisihke blas?"
"Blas. Hla wong ndilalah sing duwe gawe wong duwe kabeh: Pak Panut, Pak Misran, Pak Karjo. Wong telu kuwi wong sugih kabeh. Yen aku nyumbang mrono mung nggawa piranti lan amplop saanane ya saru ta, Truk."
"Eee..., ngono?! Dadi, yen buwuh nyang omahe wong sugih kuwi Njenengan ya kudu ethok-ethok dadi wong sugih? Sing jane ora ana ya kudu digawe ana?!"
"Hla piye? Umume ngono kuwi kok, Truk."
"Sing ngumumke sapa? Sing ngungsumke sapa? Sing gawe undang-undang sapa? Akonen mrene wonge taktapukane cangkeme..."
"Hla kok malah kowe sing ora trima?"
"Hlo?! Kuwi genah ora bener, Kang. Rungokna! Sesore wingi Bagong mrene. Pakdhe Togog ya mrene. Mak Cangik uga mrene. Rembugane padha karo kowe. Piye ta iki?"
"Piye apane?"
"Masyarakat iki piye cara uripe? Kok bisa-bisane wong duwe gawe diniyati dhewe, disengaja dhewe, hla kok dadine malah mung nyusahke tanggane? Iki sing kleru sapa?"
"Ora ana sing kleru, Truk."
"Ora! Iki kleru. Sing jenenge nyumbang kuwi wajibe marang wong sing ora duwe, marang sing pantes diarani golongan kere. Ora bener yen wong wis genah sugih turah-turah malah disumbangi. Salah kuwi. Apa maneh sing nyumbang kuwi mau kahanane ora luwih duwe tinimbang sing nampa sumbangan."
"Wis, Truk. Anggonmu sesorah bab kemasyarakatan dirampungke mengko sore. Saiki aku takon, bojomu neng endi?"
"Neng buri."
"Ya wis, aku nyilih dhuwite bojomu wae."
Gareng nyrunthul nggoleki adhi ipene, dene Petruk legeg ngadeg ing pinggir lawang lan panggah isih nggagas prekarane wong duwe gawe karo wong sing mara nyumbang.