"Arep nyang endi, Gong?"
"Teng daleme Bu Minten, Pak."
"Blanja?"
"Boten. Ajeng ngateraken raskin."
"Hlo. Apa ora kleru kuwi?"
"Kleru napane?"
"Ya kleru wonge. Mosok wong sugih kokwenehi jatah raskin? Mbok aja sembrana ta, Le. Kowe kuwi dadi RT, diprecaya warga, diarep-arep kawicaksananmu, hla kok malah tumindak tanpa kawicaksanan?"
"Hla ajeng pripun ta, Pak? Jane kula nggih ngretos, Bu Minten niku tiyang sugih. Tokone gedhe, bojone pegawe, anake mbarep perawat ten griyasakit, anake ragil bidan lan gadhah klinik piyambak. Hla nanging ajeng pripun? Nyatane yen boten disukani raskin piyambake wantun nlesih, kendel nakokke, tegel nyalahke RT."
"We hla kok kaya ngono? Apa kurang dhuwite dienggo tuku beras dhewe? Kamangka ya nggarap sawah amba."
"Hla nggih ngaten niku nyatane. Kula malah jibeg nggagas warga. Sing sugih emoh ngaku sugih, malah dhemen rumangsa mlarat. Sing mlarat tenan malah rumangsa isin yen kejatah raskin. Kahanan kok kewolak-kewalik..."
"Heeemmm..., jagade tetela wis tuwa tenan, Gong. Kuwajibanku lan kuwajibanmu amrih tansah eling-waspada."
"Nggih, Pak."
"Wis, wurungna anggonmu arep nuruti karepe wong luput. Lowung kowe disengiti wong siji tinimbang diluputke dening jagad saisine. Minten wis kelangan nalar resik. Atine kangslupan dhemit. Ora ngelingi kahanane."
"Hla mangke yen Bu Minten nglurug teng griya, lajeng nesu, kula kedah pripun?"
"Mengko aku sing saguh ngadhepi, Le. Aja wigah-wigih ngenahke sing durung genah. Sing kleru kudu dituding kleru. Yen diumbar malah njalari sansaya rusake tatanan urip."
Bagong meneng mangu-mangu. Atine durung manteb. Durung jejeg adeg-adege. Durung bisa sentosa kaya Semar, bapake.